Rabu, 05 Agustus 2015

TELOGO CANDI BOROBUDUR CRITANE SIMBOK



Telogo Candi BorobudurCritane   Simbok

Iki CERITO KLUARGO Jaman Aku ijih cilik Stel kendo 35  taun kepungkur. Jaman semana aku Sekitar umur 6 taunan. Wayah isuk dinane aku kok lali. Wes Biasane Aku di ajak  Simbok nang sawah.
“Arep ngebrol kacang  ro amek lombok.” Jarene Simbok wektu kuwi.
Manuk ciblek nang papah uwet telo sesautan ngoceh ngancani aku karo Simbok. Mlaku turut galengan sawah nambai asri ngalas kulon desaku Pabelan esuk kuwi. Simbok nggujengi tanganku le arep di ajak mlumpat kalenan. Mlaku medhot galengan sawahe mas Khamdhani terus menggok mlaku ngidul. Aku mlayu nututi Simbok. Aku lebar ndikhep genjilan kang ndhelik nangisor godhong lumbu sawahe Mas Hibat.
Gunung Sumbing sebelah  kulon katon gagah nyagak’i langit. Gunung Merbabu sesandhingan karo Gunung Merapi endhah banget methutu’ jejeran marai aku kelingan Koyo kotange Simbok mengkurep nang amben gedhe  njero omahku mbiyen.
Seko persawahan kang gawe mlaku aku karo Simbok, endhahe gunung Menoreh bentuke kaya raksasa menungsa kang lagi bubuk sare, nangisore keton candi Borobudur cilik ireng.
 Sinambi mbenakke tenggok  jeng  di gendhong, Simbok njelaske:
” Gunung Menoreh kae jelmane Mbah Gunadharmo jeng gawe candi Borobudur. Bentuke gunung gambar wong sayah bubuk sare  le karo nyawang poro pekerjane mbangun candi jaman biyen.” Jarene Simbok.
Pabelan omahe Simbok arah lor 7 kilo seko candi Borobudur . Unthuk unthu’an Gunung Menoreh nek di sawang soko sawahe Simbok pancen persis uwong agi sare bentuke.
Tekan sawah, Aku ngewangi  mbedoli kacang karo nggolek uwoh ciplu’an kang akeh nang sawahe Simbok.
Di usungi nang galengan  ngisor uwit pelem nggon Pak Dori  kang iyub. Aku karo Simbok mithili kacang  nyawang  Lek Suwandi ngluku sawah nang ngarepku njagong karo Simbok.
                “Wes tuwo po kacange, Dek Wanah?” karo ngluku Lek Suwandi Bengo’i Simbok.
                “Balapan karo tikus je kang, glo.!” Simbok njawab
Simbok kuwi jenenge Istiqomah. Nanging nang ndeso kecelok MbokWanah mergo mbakyuku mbareb jenengane Wanah lan SIMBAHKU ASMANE WIRYODIMEJO.

 Soko kadidohan keton Lek Jamzani manggul pacul mlaku ngetiging arah ngidul  nurut banyu

:”Mbok, nopo kok kabeh kali miline ngidul?” Aku takon karo Simbok.
:”Mergo nang kidul kae, daerah candi Borobudur  critane Mbahmu Kakung kuwi jaman mbiyen telogo gedhe.” Njawabe Simbok karo ngacungi arah kidul daerah candi Borobudur“
Neng, nek kali Sileng Menoreh miline ngalor mergo gununge  nang  kidul candi. Mergo kabeh banyu kali midune nang telogo candi Borobudur kuwi mau.”
Simbok nambai kejelasane marang aku Karo mithili kacang.
Simbok neruske crito Omonge Simbah Kakung :
“Candi Borobudur kuwi jaman mbiyen kemambang apik  nang ndhuwur telogo koyo kembang terate”. Nek uwong arep munggah candi kudhu numpak prau geth’ek lop, Telogo candi kuwi banyune seko gunung limo.
KALI PABELAN Jeng liwat desane dewe miline seko gunung Merapi. KALI ELO  liwat Desane Mbahmu Kakung Rambianak kae mili seko gunung Merbabu. KALI PROGO mili seko gunung Sumbing, tambah KALI SILENG karo TANGSI seko gunung Menoreh. Kali kabeh kuwi banyune mlebu telogo candi Borobudur mau. Ujar Simbok karo ngelap kringete  le kakean pepanas ngebrol kacang.
Aku njagong madhep ngetan ro nyawang lek Khabibun kalungan sarung agi angon kebo nang kulon kuburan Tanon  Pabelan kidul.
:”Mbok, kok Mbah Kakung ngerti critane telogo kuwi wong saiki telogone wes renono?”
Aku takon karo Simbok.
:” Mbah Kakungmu ki seneng tirakat lop, le ngudhi ngelmu.” Simbok njawab.

Pancen aku tau di critani Simbok, salah siji tirakate Simbah. Jaman mbiyen Simbok cilik ngopeni Simbah kakung puoso nggandul nang molo omah nganti 40 dina  di gubet taleni dhuk uwet aren karo Simbok cilik. Meni Simbah Kakung awa’e bentuke koyo enthung uler. Simbok cilik munggah medun ondho le ngenei banyu gawe wudzhu sholat Mbah kakung neng ora owah obah  le nggandul.  Simbok cilik ya  ngopeni tirakat liyane.

Menine Simbah kakung:
” Tirakate hurung sepirowo tinimbang poro Ratu Jowo Topo ilang tetaunan.”
Lakune dino Poro Ratu Tanah  Jowo uripe luweh akeh tirakate nang candi candi.
 RATU SLENDROSEMORO kang gawe candi Borobudur kuwi ratu agun dhuwe jejuluk RATUGUNUNG jeng di gawe ora mung watu candi nanging gunung sekitare  yo  di toto lelakune diewangi poro ResiBhiku. ResiBikhu kuwi Kiayne uwong Budho jaman biyen sahurunge ISLAM agomone dewe teko nang Njowo. Resibikhu kuwi seneng tirakat topo uripe tetaunan ora ketok menungso karo  ikhlas. Paribasane  menoreh uwong teturon. Banyune tlogo isoh munggah medhun nek musim ketigo  rendheng. Watu candi Borobudur Ora kurugan klangsur banyu karo lemah seko gunung limo kang gedhe gedhe. Ibarate gunung mau tunduk manut melu njogo kitab kabecikan candi BOROBUDUR keslametan menungso. Candi Borobudur kuwi kitab. Sadurunge Ono kitab Al qur’ane dewe.  Urip manungso katon nang gambaran candi, poro ResiBikhu gundhul jaman mbiyen njelaske  wong kang maring candi pedoman  kaslametan urip seko gambar  pokal menungso lan kewan nang watune  Kanti khusuk nggowo menyan dupo mlaku soko ngisor ngubengi tekan nduwur 3 undak pungkasan KAMADHATU, RUPHADATU, ARUPADHATU ngibadah TAUKHID nabi kang SHOLEH:  SYARINGAT, THORIQOT, MA’RIFAT ewon taun sadurunge ono sembiyang 5 wektu amergo  kanjeng nabi MUHAMAD hurung lahir. Kabeh mau ngibadahe mbah mbah buyute dewe mbiyen.
Poro resibikhu nang pucuk candi njelaske  karo meruhke menyan dupane kang entek le kebakar  ngucap:
“HIBBAN.....HIBBANAAA....HIBBANAAAA......
Uzhur laku  manungso ora nglayan jasad  maleh mabur ( karma reikarnasi) ninggal asep kosong ora keton koyo sentong bolong. kosong yaiku isi , isi ya kosong  gumanti paran laku  ing panggawa urip ibarat koyo menyan dupo. “DUPO” (dudu opo opo)  nang alam jagad artine.
Simbok isoh crito lek di critani mbah kakungmu. Critane jaman ndisik sahurunge candi BOROBUDUR ilang kependem, wong kang munggah  mareng  candi seko wong tani kawulo alit, Satriyo, lan poro Ratu ora oleh nggowo sangu opo opo gejobo mung  nyulet menyan dupo jeng artine  ora migunani drajat kadunyan bondo pangkat kesombongan manungso nang ngarepe kitab  gusti alam jagad. Nang candi  akeh menyan dupo kang artine matine manungso ninggal karma kabecikan   wangi.  Sebagian aku ora dong blas jeng di critakke Simbok kuwi. Wong aku ijih cah cilik.
Biasane le crito nek aku arep bubuk karo ngempeng mimik susu Simbok. Jeng tak ngerteni soko Simbok. Simbah  kakung senengane meguru  ngaji (ngasah jiwo) nang Menoreh mlaku sikil.  Karo meguru nang Nggunung Pring Muntilan.  Gurune nang Gunung Pring asmane Mbah Dalhar. Simbah Dalhar ki pinter sesrawungan karo poro arwah leluwur kang matine wus ewon taun  lan Simbah Dalhar mangerti panggonan makam dununge. “le meguru ngaji nang menoreh Simbok ora ngerti jeneng pak Kiayne mungkin malah ora seko golongan manunso pak Kiayne Simbah Kakung nang Menoreh kuwi.” ujare Simbok. Simbah kakung kendel wani liwat bulak Suroloyo omae ratu dewo. Omonge simbah kakung  suroloyo kuwi okeh ratu ratu jim medeni tenin aku le mbayangke. Padahal omae Simbah kakung desa Rambianak, Mungkid. MAGELANG
Jaman aku Pramuka sekolah SD aku  pernah camping nang gua Gondopurowangi Majaksingi Borobudur nang njero guwo nggowo senter batre konco koncoku podo mlayu le weruh meni uwong topo anteng awake koyo watu lumuten.
 Tekan ngomah aku takon karo Simbok, jawabane Simbok.
                ”Wong jeng lelaku topo kuwi   biso atusan taun BISO UGO EWON TAUN  nang guwo kono”,
Bejo nek uwong biso weruh, Nek kakungmu kuwi bisa bebasan akrab malah sok di ampiri wong topo mau di ajak omong omongan crito. Mulane  Mbah kakungmu ngerti larah larahe critane Ratu Ratu jaman mbiyen” Ngono kuwi jawabane Simbok.
Omonge Simbok :
“ Jaman disik nangisor candi Borobudur kuwi akeh tuk  udhal banyu.”  Udhale luwih akeh rasa banyune asin. Udale jeng paling gedhe,  yaiku UDALSEGORO. Kabeh deso jeng ngubengi candi Borobudur kuwi kabeh jenengan seko banyu rowo.
 Artine:
” Pancen Ndisik candi Borobudur kuwi kemambang nang banyu telogo apik banget  akeh uwit pakis karo kembang lotus  teratai nang tengah telogo.”
Gunung Merapi mabur sak sikil sikile.  Njebluk gede Tanah jowo koyo kiamat. Menungsane podo ngungsi nylametke lungo. Luweh akeh jeng podo mati kabeh jeneng nyowo. Bumi koyo di walik  Candi Borobudur ilang kependem. Kitab ilang sak penganute   negarane ambyar pecah koyo beras wutah.  Awune Gunung Merapi  ngurugi telogo. Candine rusak  ilang kependem dadi gumuk.  Butuh tetaunan kanggo nukulke tetanduran maneh .
kluarga copyKependem   ewon  taun akhire gumuk candi Borobudur dadi alas  kebak wit witan kang gede gede lan  angker.  Telogone kang ombo  maleh dadi rowo kang ciut banget.   Soyo suwe tambah wektu banyune asat garing. Udan deres blede’k ora ing wayahe siso cikal dongone  moyang jurang pereng jugruk candi Borobudur mijil ketemu manungso. Candi Borobudur koyo Ratu mlayu mati awak tatu kurugan wektu . Bedo wektu Kepera’an manungso maneh dadi cikal bakal deso. Manungso anyar nggowo agama  kang mangku kitabe liyan. Nanging ora sithik keturunan penganute kitab candi  sing arep nguri uri kawite moyange. Pating pentalit  rambut jagung nambai kleru  lebar ewon taun kang wus bedo kekarepan karo mbah moyange. Wetan candi jenenge Deso NGARAN asli bahasane NGARAN ORO ORO. Yaiku artine rowo jeng wes asat garing. Kulon candi jenenge deso SABRANGROWO artine ndadak nyabrang. Menine Simbah kakung, wes pernah salah sijine  tuk udhal banyu kuwi teko metu gedhe banget nang daerah kono di jenengi UDAL SEGORO. Udale Nganti wes nyilepke deso. Wes akeh ternak khususe kebo mati  kebelet.  Akeh kebo jeng wes ilang kesilep nang mbanyu daerah kono kuwi mau. Kabeh upoyo Uwong wes ora biso nambaki udhal gedhe  malah tambah gede banyune. Rowo Garing mau arep maleh dadi telogo gede maneh. Akhire le biso mampet di uncali endas kebo cacah wolu karo SIMBAH BHELET dukune. Mulane daerah kono kuwi di jenengi Dusun BUMISEGORO, mergo saking gedhene udhale nganti koyo segoro laut. Tanjung laut Nang kidul candi. Tanjung iku istilah patute kanggo banyu laut. Mulo, di arani deso TANJUNGSARI.
Kiwo tengen  jurang pereng rowo akeh  metu udal belik kang banyune asin nganti  ono kelurahan di jenengi DESA TUKSONGO. Lemahe dudu pasir nanging lendut wernane ireng  telogo asat ninggal  watu karang  siput kerang  kang klelap klelip aneko warno nek di sawang. Mulane, kuwi kang dadi cikal bakal  jeneng deso Karang.
 Koyo to:
Deso KARANGREJO, KARANG MALANG, KARANG ANYAR, KARANGNJATI,
Critane  Simbah. Nang kulon candi critane jaman mbiyen ono akeh gumuk taman sari  kemambang candi secething cething. Taman banyu tlogo Widodari . Jeng saiki di jenengi deso TAMANAN, SETUMBU, KEPALA BURUNG lan lia liane. Ceritane taman mau nyambung karo  Taman Istana Ratu dewo Jin Jowo Keraton Suroloyo kang ora adoh soko Candi Bobudur kuwi mau.
Aku ngrungokke critane karo nyawang kebone lek Khabibun kang mecicil ngawaske kebone lek Suwandi kang agi ngluku nang mburiku mitili kacang  karo Simbok.
OEEEEEEEKKKKKK......OEEEEKKK......”
Aku  nggondeli Simbok. Kebone lek Khabibon jeng lagi di engon mlayu nubras tandurane Lomboke Simbok.
MENGKOOOO....MENGKOOOOoooo...... Nek kowe ar ngawen prawan lenjeh nganti tokle’k sikilmu bar rampooong gaweane!!!” Jeh sekothhaaaaakkkk glo...!!!!!
Lek suwandi agi ngluku bengak bengok Apik tenan nek lek Suwandi ki padudon ro kebone...
Jebule mergo kebo prawan  jeng agi  puber  duwe’e Lek Khabibun mera’i kebo ngganteng neng playboy duweke  lek Suwandi kang  agi gawe  ngluku.
DASAR PRAWAN GATELEN!!” Lek Suwandi ngusir kebo wadhon kuwi ngedumel aku krungu.
“Wong kebo ar kumpol kebo kok ra oleh, malah nikl’ek nikl’ekke sikil barang.”Ujare Simbok ngampet ngguyu... wk...wk...wk...
SSSSTTTTTT......yo...!!” Lek Suwandi Wonge  saiki ijih sugeng jew....
Ora kroso wektu soyo awan aku ngeyel ngajak bali ngomah. Padahal le ngebrol kacang hurung rampong, opo neh hurung ngasi ngundhuh lombok wektu kuwi. Simbok ngedumel. Jaman biyen aku pancen nakal.
“SUWEEERRRR...”Aku ijih kelingan wektu kuwi simbok tak ajak muleh. Jane le aku ar ngempeng susu Simbok. Wong aku le mimik susune simbok tekan umurku 9 taun neng mbakyu kakangku ora genah  Saja’ane malah punjul hahahahha....
Simbok saiki wes sedho. Tak critakke critamu mbok, karo wong kang moco tulisan iki. Aku njaluk ngapuro karo Simbok Jaman cilik aku pancen nakal tenan.  Aku crigis ro iyyik nek nek ngempe’ng nusu simbok akon simbok crito. Saja’ane mergo aku yatim ragil ket umurku 2 taun dadi aku nakal. Aku ya nakal karo mbakyu ro kakangku. Kabeh sedulur kerep  tak oyak nggowo bendho le seneng ngenei kunir, gamping, brotowali nang susune Simbok ben aku mandeg ora ngisinke  le ngempe’ng susu Simbok tekan gede. Nanging  tunggalku Kabeh podo gemati ro aku.
Simbok karo aku bali karo nggendhong tenggok jeng isi kacang. Aku nggowo iwak genjilan karo uwuh ciplukan lan Tekan sawahe lek Kamal Simbok mandeg mergo ngguyu dewe.
“Nopo to Mbok kok ngguyu?” Aku takon Simbok.
Karo ngawaske lek Suwandi kang wes adoh wonge. Tetep ijih nguring uring kebone. Simbok  ngguyu kepingkel pingkel.
“ Uwong podo kumpol kebo  wae malah kebone ora papa, mbasan kebone ar kumpol  menungsane mureng-mureng.”
“ Ar ngguyu nang kana mau samar kang Suwandi tambah nesu ro aku.....”
Ujare Simbok
NDAK AKU KUDU MENI  WAaaaooOWWW...Ngono?”.  Telat ngguyu SiMbok....”wkwkwkwk

AWAS !!!
Pembaca ku dapat cerita ini Borobudur sebagian besar dari kebiasaanku menyusu ibu sampai besar Jangan praktekan ini di RUMAH tanpa di dampingi orang ahli ngemp’eng nyusu Simbok  yang berpengalaman seperti stelkendo.ha...ha...ha..
Penulis tidak bertanggung   bila anda di  sawat watu ro bapakmu wes gede nembung ngempe’ng nyusu simbok takon sejarah Borobudur  wkwkwkwkwkwkwk



Di tulis

By 
Stel Kendo
anake 
Simbok


Sabtu, 22 Februari 2014

Jumat, 21 Februari 2014

Jumat, 18 Januari 2013

SUCCSES PETANI OTAK KANAN DURROHMAN PABELAN

Namanya lengkap Abdul Rohman tetapi di kalangan masyarakat Pabelan di panggil GUS DUR hehehe, tinggalnya di Pabelan 4 Kec, Mungkid, Kab Magelang. Secara penampilan fisik nggak jauh beda malah cenderung mungil tetapi prestasi berfikirnya mengalahkan logika orang biasa dalam hal ini mengenai dunia pertanian yang di gelutinya sekarang ini. Keanehan pada diri Durranman ini dalam mengelola pertanian adalah bersahabat dengan musuh petani yaitu hama tanaman atau malah di kelola hama dengan HATI Setelah pensiun sebagai pengusaha di bidang perdagangan sayur mayur kliling alias EYEK, dia banyak menghabiskan waktu bertani di sawah tetapi Durrohman juga di kenal suka tiap hari menyapu bersih masjid pesantren Pabelan dengan kesadaran sendiri tidak sebagai pekerja struktural, baik itu dari struktur pengurus masjid atau dari Pondok pesantren Pabelan
Pabelan 2 Januari 2013 suasana pagi desaPabelan sangat cerah demikian juga hati Durrohman pagi itu. Dia berangkat kesawah dengan mengendarai Vesva andalannya dengan membawa satu karung daun Resede untuk pakan keong keongnya di sawah, memang pada musim tanam padi tahun ini di Pabelan para petani sangat di sibukkan dengan bencana hama keong yang menghabiskan padi muda. Para petani pada umumnya membasmi hama keong dengan menyemprot Insektisida ataupun di pungutinya dan membunuhnya, kemudian keong keong tersebut untuk pakan ternak itik bagi mereka yang memeliharanya. Nah, inilah yang membedakan sosok Durrohman dalam mensikapi hama petani di sawah. Durohman malah perfikir memberi makan keong tersebut untuk mengalihkan dari memakan daun padinya. Daun daun resede tersebut akan menjadi pupuk yang jelas menambah subur tanaman padinya. Kalaupon di tanya mengapa melakukan memberi makan keong, Dengan enteng Durrohman menjawab :” Keong juga mahluknya Allah yang mencari rizki. Hehehhe. Adapun kalau di sekitar tanaman padi banyak terdapat rumput gulma yang mengganggu pada umumnya para petani mengatasinya dengan mencabut menggosrok dengan parut besi berbeda dengan Durohman justru tanah di sekitar padi akan dia injak injak berkeliling sawah , kalau di tanya alasannya paling dia jawab :” Biar padinya nyaman seperti kalau kita di pijitin sekalian keliling sawah seakan dia menganggap pohon padi seperti bayi yang lucu dan di timang timang dia beralasan bayi yang di timang timang masa kecil besarnya pasti berbeda dengan bayi yang nggak pernah di sapa.
gambar samping Durrohman sedang memberi makan hama keong Memang seperti orang gila bahkan masyarakat Pabelan pun paling senyum melihat ulah Durrohman yang sering di anggap nyeleneh tapi jangan tanya padi yang di hasilkan oleh Durrohman bisa tiga kali lipat yang masyarakat hasilkan dari petak sawah yang ukurannya sama. Pernah suatu ketika Durrohman menanam padi jenis umbul menanamnyapun nyeleneh karena tidak mau bareng dengan dengan tetangga tetangga yang menanam palawija, jenis padi umbul tersebut di kalangan masyarakat petani di kenal sangat di sukai burung pipit apalagi menanamnya sendirian tidak di tanam palawija efeknya nggak sedikit tetangga yang mencibir dengan mengatakan:” Pasti padimu jadi pesta burung pipit malah pada ndangdutan” sambil mencibir. Durrohman bilang:” Padiku boleh kok di makan burung burung pipit wong mereka juga nyari makan untuk anak anaknya, moga aja sang pipit mau berbagi dengan aku yang menanam juga untuk makan anak anakku” Aneh bin ajaib justru malah tidak ada burung pipit yang mau makan padahal tetangga kampong pada saat yang sama menanam padi tersebut dan habis tuntas oleh burung pipit. Di samping Durrohman merawat tanaman dengan sangat perhatian dia tidak banyak memakai pupuk kimia paling banyak 10%dari yang umum di pakai para petani . Disinilah keunikan sosok Durrohman dia banyak memakai pupuk daun daunan dan pupuk kandang dan yang menarik yang dia pelihara kambing adalah kambing cacat yang kalau orang umum lihat pasti langsung di suruh sembelih justru malah dia beli dan di pelihara. Penulis sebagai tetangga pematang banyak sekali yang kudapat bersahabat dengan sosok Durohman yang mungkin satu buku tidak cukup hanya untuk membeberkan pemikiran otak kanan pribadi Durrohman. Pribadi yang nggak bakalan bisa di kejar oleh penyuluh pertanian bahkan kepala dinas pertanian, boro boro memajukan dunia pertanian paling dalam kepalanya hanya terdapat pikiran untuk nutup bulanan kridit mobilnya ataupun membuat anggaran dan menghabiskan dengan markup sebagai kelebihan seperti tunjangan. Bagi kebanyakan orang korupsi nggak jauh beda dengan menerima gaji. kesimpulanku ketika ku mengenal Durrohman beliau pribadi agak aneh tetapi teorinya di gerakkan oleh kearifan ilahiyah bukan kebanyakan manusia yang kebanyakan berfikir dengan otak kiri sesuatu serba terukur terprogram di tambah target ambisi yang nggak berhenti menjadikan manusia banyak di penuhi penyakit lahir maupon batin. Durrohman adalah pribadi yang selalu bersyukur di kalangan tetangga tidak ada istilah marah bagi sosok Durrohman karena semua yang mengecewakan tidak pernah di fikir berat. Hanya Allah yang tahu mungkinkan panen Durrohman yang selalu berlipat karena do’a kambing cacatnya yang di rawat dengan cinta kasih seperti nama pemiliknya ABDUL ROHMAN yang artinya hamba yang pengasih burung burung pipit yang di suruh makan padinya mungkin ngeyel pada Allah nggak terima kalau panen Durrohman sedikit. Keong keong yang kalempun selalu wirid pada Allah Hanya otak kanan dan Allah yang tahu.......

Sabtu, 04 Agustus 2012

GANDHES, UNA DAN WAWA


Selasa, 28 Februari 2012

album Rumah Pabelan

Senin, 27 Februari 2012

album keluargaku